Pulanggeni Nusantara Agung

11/01/2026

Asthabrata

sapisan ambêking bumi | lire tansah adêdana | mawèh s**aning dumadi | wujude dana kaki | samubarang kang tumuwuh | ana ing angganira | s**a lila yèn dèn ambil | mring sok wonga kang prêlu andarbènana ||

aywa manèh têtuwuhan | yèn tan lila dèn ambili | sanadyana angganira | dhinudhukan tan saksêrik | mandar yèn ambênêri | nyimpên rajabrana agung | pêlikan warna-warna | s**a lila trusing ati | sinungake para janma kang uninga ||

kapindho ambêking tirta | lire tansah angenaki | mawèh s**a para janma | tan rêngat tan gung lumintir | cinawuk wali-wali | tan kaèksi longing ranu | sakala paripurna | kadya dene tan ingambil | yèn pinêrang wanti-wanti tan katara ||

dadya dènnya ada-ada | ngenaki tan kêdhah-kêdhih | wus tan nganggo ringa-ringa | barès kurès trusing ati | pawèhe tan pinikir | masaborong kang anjupuk | ngêgungake apura | adil paramartèng dasih | amêmayu sèsining rat pinrih s**a ||

kaping tri ambêking brama | amisesa ing sakalir | ambabadi rêrungkudan | sirnane pinangan agni | rêrêgêd donya ênting | kang malang-malang pinutung | rawe-rawe rinantas | ambrastha sagunging sisip | nyirnakake mêmala druhakèng jagad ||

amadhangi kapêtêngan | yèn kelangan tan rudatin | tan kêmba kinarya gêla | tan êsak kinarya sêrik | tumindak sarèh wêgig | tindak sêrêng uga baut | gumantung ing kaanan | sarèh sêrênging pakarti | karo pisan tanduke tan kawistara ||

ping catur ambêg maruta | sabarang rèh kanthi t**i | ngati-ati ngarah-arah | bangkit nuksma agal rêmpit | gunane miyatani | datan pêgat alêlaku | pamrihe tanpa cihna | yèn tinulak boya sêrik | yèn katarik tan pisan êsak tyasira ||

ping lima ambêking suryya | ing pangarah lèrèh lirih | ing karsa tan daya-daya | saniskara kang ingungkih | sinangkan sing sathithik | kang satêmah bangkit nyakup | tandange tan rêkasa | sarwa sarèh ngirih-irih | kang kadayan mituhu rèh tan rêkasa ||

ping nêm ambêging rêmbulan | sumèh ing netya mranani | mawèh sêngsêm kang umiyat | jatmika alusing budi | nuraga amèt asih | nawurake kang raras rum | sumrambah sèsining rat | kapanduk gandane sari | sêgêr sumyah manjing saranduning angga ||

kapitu ambêging lintang | santosa pêngkuh ing budi | datan lèrès ing ubaya | lêlemeran datan sudi | pitaya trusing ati | saguh wutuh tanpa kewuh | tan nganggo samudana | lire samudana lamis | rewa-rewa saujare ginugua ||

ping wolu ambêking ima | adile tanpa sêsiring | ngêmpakake wêsiasat | danane yèn ambênêri | udan drês maratani | wèh sêgêre tanêm tuwuh | dene kang wêsiasat | swarèng guntur anggêtêri | banjir bandhang anjalari karusakan ||

ala bêcik kinawruhan | gêbyaring kilat myang thathit | kang minăngka niti priksa | dènnya arsa angadili | kang bênêr anampani | ganjaran kang wis tinamtu | kang ala pinidana | samurwate laku sisip | wus palastha warsitane sri narendra

14/11/2025
12/11/2025
HADIRI DAN RAMAIKAN ACARA PESONA PARANG PEDAN GOLOK DAN KERIS NUSANTARA DI PENDOPO TAMAN SISWA JOGJAKARTA TANGGAL 21-22-...
11/11/2025

HADIRI DAN RAMAIKAN ACARA PESONA PARANG PEDAN GOLOK DAN KERIS NUSANTARA DI PENDOPO TAMAN SISWA JOGJAKARTA TANGGAL 21-22-23 NOVEMBER 2025

27/10/2025

Pulanggeni Ring Nuswantar

1. Murwakani ing sadarum
Anggenya sami gegladhi
Rerenggane Urip mula
Yekti tinuntun hyang suci
Aneng gumelaring jagad
Niti wosing lampah Bekti

2. Gumolonging kadang Tuhu
Aneng padhepokan neki
Tuhu mekarne pamawas
Ulah lampahing pangabdi
Tatag tegen Tuhu tekad
Sareng jroning Pulanggeni

3. Utama nggenira nggayuh
Becik utamane Bekti
Rerembagan klawan kadang
Olah mekaring pamikir
Tuhu tekening ngalampah
Ora sisip Margi Yekti

4. Pulanggeni gya pikukuh
Tetekening lampah Bekti
Rinengga ing sandi sastra
Aweh pepenget pribadi
Babaring anut priyangga
Lelampahing nggenya Bekti

5. Asabda pandhita Ratu
Tetekene ucap Yekti
Ing samubarang tumindak
Tan kena sisip Sayekti
Apan niat tekad Nunggal
Rinonce ing patrap Bekti

6. Pulanggeni maos Tuhu
Gumelaring jagat neki
Dadya pangolahe cipta
Sesandhingan rasa Yekti
Gunane tanpa sinandhang
Patrape bisa kaesthi

7. Nggenira sami angrembug
Wewarah ingkang tinulis
Gumelaring jagat raya
Dadya taman Endah asri
Sekar mekar ing priyangga
Warga agung pulanggeni

8. Mekaring pamawas Tuhu
Arsa Ngudi lampah Yekti
Reneksa kanthi tuladha
Yekti Gesang antuk Mukti
Apan Mukti tanpa perang
Ngudi hayem Gesang nenggih

9. Pulanggeni gya anggayuh
Memayu Hayuning Urip
Ngudi tentreming ngagesang
Kamardikaning pangabdi
Mugi Gusti paring marga
Laksitaning Pulanggeni

Selamat Hari Jadi Gunungkidul
04/10/2025

Selamat Hari Jadi Gunungkidul

Address

Wonosari
55813

Website

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when Pulanggeni Nusantara Agung posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Share