Kacamata Tulungagung

Kacamata Tulungagung Ini bukan wahana promosi Kacamata. KACAMATA adalah membuKA CAkrawala MAsyarakat TulungAgung. Misinya, memberikan informasi terupdate seputar Tulungagung.

Ini bukan wahana untuk promosi produk kacamata karena KACAMATA yang dimaksud disini adalah membuKA CAkrawala MAsyarakat TulungAgung. Ini merupakan fanpage yang berusaha memberikan informasi paling update, aktual, faktual, akurat, tajam dan terpercaya seputar Tulungagung, Jawa Timur dan sekitarnya. Terdapat informasi event, kriminal, budaya, politik, pendidikan, sosial, ekonomi dan lain sebagainya.

Disini, kita akan melihat Tulungagung dari sudut pandang yang berbeda. Jadi, segera ajak rekan-rekan anda untuk me-like fanpage "Kacamata Tulungagung", maka Anda akan berlangganan informasi menarik dari Tulungagung secara gratis. Sekali lagi, caranya cukup mudah! Tinggal like/sukai fanpage ini!

13/06/2026

Amit nyuwun sewu, fungsine videotron sak gedem andinge GOR Lembu Peteng kae ngge opo yo, Cah?

Semarak Piala Dunia 2026 mulai keroso neng Tulungagung. Pemerintah Kabupaten Tulungagung nggelar Nobar aliase Nonton Bareng Bola Gembira Opening Ceremony gek pertandingan pembuka Piala Dunia 2026 antara Meksiko vs Afrika Selatan dek Jumat dini hari, 12 Juni 2026, neng Latare GOR Lembupeteng Tulungagung.

Kegiatan iki dadi ajang hiburan gratise masyarakat ngge nikmati euforia pesta sepak bola tergede dunia bareng-bareng kanthi suasana penuh kebersamaan tur kegembiraan. Peh, sayange Timnas Indonesia ra masuk neng World Cup 2026 iki, Cah.

Ra mekgur ngadirne keseruan nobar, acara iki yo dadi upayane Pemkab Tulungagung ngge nggerakne roda perekonomian lokal kanthi pelibatan poro pelaku UMKM seng nyediakne kuliner reno-reno ngge poro pengunjung.

Ingpo nobar, neng ngendi ki ngko, Cah?

video ko hene

13/06/2026

Bar long run aliase mblayu adoh ko Sodo-Tamanan 16,25 km (seharga pertamax), timbang lem to the poh, runners Tulungagung iki mulihe numpak Bus Bagong jurusan Trenggalek via "Tol ciPelem" medun "JLS" aliase Jalur Lintas Sodo/Pakel.

Mblayu paling adoh pirang kilo Sampeyan, Cah? Gek ngunui mulihe opo yo panggah mblayu?

video ko hene

13/06/2026

Pemkab Tulungagung maringi klaripikesyen terkait pemanfaatan 250 drum bantuan aspal seng ditompo ko Pemprov Jatim. Proses realisasi aspal iki ndak iso langsung digelar ngunu ae, mergo bantuan seng ditompo murni awujud aspal cair.

Kepala Dinas PUPR Kabupaten Tulungagung, Pak Erwin Novianto dawuh lek iki dino Dinas PU jik nyiapne material pendamping bangsane wedi, koral, sampek tenaga kerja pendukung, sementara sebagian aspal liyanya yo siap dihibahne neng deso-deso seng mbutuhne penanganan dalan rusak secara ndesak.

Ngge pemerintah deso seng pingin ngajokne bantuan aspal iki, pendaftaran dibuka liwat pengajuan proposal langsung nggone Bupati Tulungagung. Pihak Pemkab negesi lek pembagian aspal ape disesuaikne karo tingkat urgensi kerusakan neng lapangan gek wajib disertai komitmen administrasi seng ketat.

Kiro-kiro deso ngendi seng butuh bantuan aspal iki, Cah?

video ko hene

13/06/2026

Pemerintah Tulungagung nggelontorne anggaran Rp 7 miliar ngge mbangun Jembatan Junjung, Kecamatan Sumbergempol. Jembatan antarkecamatan kuwi terbengkalai akibat pedot dek Desember 2024.

Kepala Dinas Pekerjaan Umum dan Penataan Ruang (PUPR) Tulungagung, Pak Erwin Novianto, dawuh saiki lelang proyek wes mari dilakoni gek garek ngenteni penerbitan Surat Perintah Kerja (SPK). Proses kuwi dilakoni bar pihake nompo surat izin ko Balai Besar Wilayah Sungai (BBWS) Brantas.

"Minggu ini SPK akan diterbitkan ke pihak penyedia jasa yang akan melaksanakan tugas pembangunan. Jadi mereka bisa segera melakukan tanggung jawabnya dimulai dari pendistribusian, persiapan lahan sampai pada droping material," dawuhe Pak Erwin, Selasa (9/6/2026).

Pihake ngakui rencana pembangunan jembatan antarkecamatan kuwi sempet terkendala akibat minime anggaran neng Pemkab Tulungagung. Sementara kuwi neng taon iki yo sempet molor mergo ngenteni surat ko BBWS Brantas.

"Molor karena nunggu izin dari BBWS," dawuhe.

Sesuai rencana, kontrak pembangunan Jembatan Junjung ape dilakoni neng kurun wektu enem sasi mangarep. Tapi, ndak menutup kemungkinan pembangunan ape tuntas luwih awal.

"Tergantung cuaca, kalau cuacanya bagus mungkin lima bulan sudah bisa selesai," dawuhe.

Pak Erwin nambahne desain konstruksi jembatan ape digae tanpo tiang penyangga tengah utowo jembatan ge**er. Jembatan iki nggae sistem kantilever utowo nggantung. Neng bagian tengah ditopang karo sambungan khusus seng nahan beban ko keloro sisi bentang, molane ndak nggae pilar neng bagian tengah kali.

Konstruksi kuwi dinilai tepat diterapne neng Junjung ndak ngganggu aliran kali gek ndak nahan material sampah.

Sak urunge, Jembatan Junjung, Kecamatan Sumbergempol pedot del khet pertengahan Desember 2024. Akibat kondisi kuwi arus lalu lintas dialihne melalui jalur liyo kanthi jarak tempuh seng luwih aduoh.

Mugo ndang kedaden tenan dibenakne yo, Cah!

video ko hene
info lengkape neng detik.com

Ntoh ntoh... Kondiang ra konangan! Enek loro putra-putri terbaik Kabupaten Tulungagung seng ape melok seleksi Calon Pasu...
13/06/2026

Ntoh ntoh... Kondiang ra konangan! Enek loro putra-putri terbaik Kabupaten Tulungagung seng ape melok seleksi Calon Pasukan Pengibar Bendera Pusaka (Paskibraka) Tingkat Nasional taon 2026, yokui:
đź§‘ Brama Sakti Kumajaya ko SMAN 1 Karangrejo
đź§• Azka Putri Lakeisha ko MAN 2 Tulungagung

Dukungan karo dungo disampekne karo Plt. Bupati Tulungagung, H. Ahmad Baharudin, S.M., M.M. neng pertemuan seng berlangsung neng Pendopo Kongas Arum Kusumaning Bongso Jumat (12/6/2026).

Kepilihe Brama karo Azka kuwi ngunu hasil ko proses seleksi berjenjang karo pembinaan seng dilakoni kanthi intensif. Sukses terus yo, Ngger Nduk! Mugo iso nggowo jeneng apike Tulungagung neng kancah nasional. Aamiin.

Jan rarugi lekku marai dek kapan kae.

foto ko hene

Biyuh, jan usum jambret neng Tulungagung. Siji ibu-ibu dijejek sampek tibo isuk kimeng pas arep budal neng pasar, terus ...
13/06/2026

Biyuh, jan usum jambret neng Tulungagung. Siji ibu-ibu dijejek sampek tibo isuk kimeng pas arep budal neng pasar, terus tas e dijambret, jan pehh

lengkap neng Den Bagus Kiron

Piro, Cah regane neng sekitaran mahmu?Foto ko hene Kost Mbak Lala
13/06/2026

Piro, Cah regane neng sekitaran mahmu?

Foto ko hene Kost Mbak Lala

Berawal ko aduan masyarakat, petugas moro neng warkop, terus nemoni sejumblah pelajar sing dibedek mbolos terus nongkron...
12/06/2026

Berawal ko aduan masyarakat, petugas moro neng warkop, terus nemoni sejumblah pelajar sing dibedek mbolos terus nongkrong neng warkop jek nggae seragam sekolah

lengkap neng jatimnow.com

Peh, jek akeh peredaran miras karo prostitusi terselubung iki nyebabne 3 ormas lapor DPRD TulungagungPengurus Majelis Ul...
12/06/2026

Peh, jek akeh peredaran miras karo prostitusi terselubung iki nyebabne 3 ormas lapor DPRD Tulungagung

Pengurus Majelis Ulama Indonesia (MUI) Kab. Tulungagung moro neng DPRD Tulungagung ngge wadul peredaran minuman keras (miras) karo prostitusi terselubung, Rabu (10/6/2026).

MUI moro karo pengurus Muhammadiyah, Nahdlatul Ulama (NU), kambek Al-Irsyad Al-Islamiyyah.
Ketua MUI Tulungagung, KH Hadi Muhammad Mahfudz alias Gus Hadi, dhawuh lek rawuhe ngge nyampekne aspirasi terkait tatanan Tulungagung sing luwih apik.

“Karena kami dari unsur keagamaan, ini berkaitan dengan moral dan kebijakan,” dhawuhe.

Ora mek neng Ketua DPRD, aspirasi MUI karo ormas Islam yo disampekne neng Kapolres Tulungagung, koyok kos sing disalahgunakne, prostitusi terselubung, cafe sing ngedol minuman keras karo bekas lokalisasi Ngujang + Ngunut.
Kapolres disuwun nindak.

“Sementara untuk DPRD kami minta adanya regulasi dan tata aturan yang mengatur berbagai hal itu tadi,” lanjute.

Secara khusus, Gus Hadi mbahas bekas lokalisasi Ngunut karo Ngujang.

Ko laporan masyarakat, 2 bekas lokalisasi kuwi sek beroperasi.
Padahal 2 lokalisasi kuwi status e ilegal, mergo wis resmi ditutup dening pemerintah.

KH. M Fathurrouf Syafi'i alias Gus Rouf, sambat masalah pembukaan toko minuman beralkohol neng Ngunut, sing lokasine ra adoh ko pondok & lembaga pendidikan.

Terus yo dibedek perizinan toko sing diajukne lewat OSS (online single submission) yo ra sesuai.
“Di OSS izinnya adalah toko nonalkohol. Tapi kenyataannya semua full alkohol,” lanjute.

Gus Rouf nyuwun toko miras kuwi ditertibne mergo cedek karo pondok pesantren.
Warga yo wis tanda tangan ra setuju enek toko miras kuwi.

Liyane toko miras, akeh warung kopi sing dadi panggon nongkrong murid neng jam-jam sekolah.
“Jadi usulan kami banyak hal, bukan hanya miras tapi juga prostitusi, warung di jam sekolah, kos yang disalahgunakan dan lain-lain." dhawuhe.

lengkap neng suryamalang.tribunnews.com

Address

Tulungagung

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when Kacamata Tulungagung posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Contact The Organization

Send a message to Kacamata Tulungagung:

Share