Suzana 91.3 FM

Suzana 91.3 FM Radio Suzana 91.3 FM
Jl. Walikota Mustajab 62 Surabaya
On Air Telepon : 031-5318881 WA : 081133398913

 Pamer Kuliner reeekkOn Air 0811-3339-8913
12/06/2026


Pamer Kuliner reeekk
On Air 0811-3339-8913

12/06/2026



Kabar sing wis suwe dienteni karo guru non ASN, akhire diumumno karo Menteri Pendidikan Dasar Dan Menengah Abdul Mu'thi rek. Diantarane kabar mundak'e tunjangan guru sing awale cuma oleh 1,5 juta rupiah per bulan, saiki dimundakno dadi 2 juta rupiah. Sementara gawe guru ASN, tunjangane dikekno sebesar 1 kali gaji pokok. Iki merupakan upaya teko kemendikdasmen, gawe mundakno kesejahteraane guru nang seluruh indonesia rek. Terus mari ngene tunjangan guru bakal langsung ditransfer nang rekeninge masing masing, ben tunjangane tepat waktu dan menghindari resiko disunat karo pihak dinas pendidikan utowo kepolo sekolahe nang nggone ngajar.

 Misterii opo giak reekk?On Air 0811-3339-8913
11/06/2026


Misterii opo giak reekk?
On Air 0811-3339-8913

11/06/2026



Sak marine bbm non subsidi mundak, kondisi dodolane UMKM koyokane tambah seret rek. Soale lek ndelok omset sing diperoleh sak ben dino ne sek durung stabil. Bahkan sing luwih parah iku, kadang isok impas alias balik modal ae wis untung-untungan. Lah sing mbarakno ruwet maneh iki, pemerintah malah ngewajibno pelaku usaha makanan dan minuman, obat, kosmetik lan sejenise, diwajibno kudu duwe sertifikasi halal sing mulai diberlakukan mulai oktober tahun iki rek. Bahkan produk non halal juga diwajibkan mencantumkan keterangan non halal, termasuk bahan yang digunakan agar tidak menimbulkan gaduh.

 Selamat Hari Kewirausahaan Nasional & Hari Media Sosial 🫶Wayahe Etippss reeekkOn air 0811-3339-8913
10/06/2026


Selamat Hari Kewirausahaan Nasional & Hari Media Sosial 🫶
Wayahe Etippss reeekk
On air 0811-3339-8913

10/06/2026



Mari tarif listrik moro mundak gak ono abane blas teko PLN, saiki giliran BBM non subsidi sing moro mundak tengah wengi per dino iki rek. Padahal biyen pirang dino sak durunge BBM mundak, pertamina pasti woro woro lek bakal mundak regone. Opo saiki BUMN iku lek ajange mundakno rego mesti meneng menengan, ben gak didemo ngono ta rek? Masio bathi utowo rugi, pokoke BUMN saiki mending main aman ae ben gak resiko, tapi tetep untung terus. Lek carane koyok ngene, BUMN bakal terus dianggap berbisnis dengan rakyat, pokoke kudu oleh cuan.

09/06/2026



Kebiasaane wong nduwe gawe sing teropan, pasti mayoritas nutup dalan. Masalahe duduk ngelarang wong sing nduwe nggawe teropan, tapi memang ono aturan resmine teko pemkot suroboyo rek. Dadi lek pas wayahe wulan wong nduwe gawe ngene iki, akeh dalan sing ditutup total digawe teropan. Justru sing dadi masalah kan dalane ditutup total, dadi lek ono wong ajange liwat terpaksa kudu muter golek dalan liyo, opo maneh sing omahe nang kampung pasti nggerundel lek wis ono kedadean ngene iki kan rek?

  Opo isine reekk???On Air 0811-3339-8913
08/06/2026



Opo isine reekk???
On Air 0811-3339-8913

 Pamer Kuliner ReeekkOn air 0811-3339-8913
05/06/2026


Pamer Kuliner Reeekk
On air 0811-3339-8913

04/06/2026



Mudune rego ndog sampek 21 ewu per kilograme, peternak ndog nang blitar akhire mbagekno gratis sebagai bentuk protes nang pemerintah sing gak isok ngendalikno rego. Padahal menu MBG meh ben dino ono ndog'e, tapi rego ne ndog kok malah ajur gak karuan yo rek? Kudune pemerintah isok ngendalikno regone ndok sing wis mudun sampek mendekati 20 ewu per kilograme. Lek regone wis mudun sampek sak mono, lah peternak ndog ngedole piro nang sing kulak? Ngono pemerintah sek santai ae masio rupiah tembus 18 ewu, jarene sek aman itungane. Yo jelas aman aman ae, wong pejabat pemerintah gak bingung masio regone sembako mundak soale gak tahu belonjo nang pasar.

Address

Jalan Walikota Mustajab 62
Surabaya
60272

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when Suzana 91.3 FM posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Share