ICWP

ICWP ICWP | Info Cakep Wilayah Ponorogo
Kabar Ponorogo nganggo bosone awake dewe.

Santai, ceplas-ceplos, kadang nyelekit, tapi tetep informatif.

📌 Konten disunting lan dirangkum saka berbagai sumber.
✉️ Kirim kabar/keluhan: DM/Wa

Info ORKES, Bolo
11/09/2026

Info ORKES, Bolo

Layoo... Warga masyarakat nyegel salah siji outlet minuman keras (miras) nang Jalan Trunojoyo, Kelurahan Tambakbayan, Po...
11/09/2026

Layoo... Warga masyarakat nyegel salah siji outlet minuman keras (miras) nang Jalan Trunojoyo, Kelurahan Tambakbayan, Ponorogo, Bolo.

Aksi kuwi dilakoni puluhan warga dino Kamis bengi, 10 September 2026. Warga ngaku wis resah karo aktivitas nang outlet sing disebut isih rame nganti larut wengi.

Ketua RT 03/RW 03 Lingkungan Trunodangsan, Kelurahan Tambakbayan, Muhammad Alfian Syukroni, mbenerne yen pancen enekk aksi penyegelan kuwi.

Miturut dheweke, warga wis kroso keganggu karo aktivitas poro pembeli lan karyawan outlet sing nyebabne sworo rame nganti wengi, bahkan tekan esuk.

Layoo... 60 Kades nyang Ponorogo entek masa jabatane tahun iki, bolo.Dadi ngene, Saksuwene taun 2026 iki, enek 60 jabata...
10/09/2026

Layoo... 60 Kades nyang Ponorogo entek masa jabatane tahun iki, bolo.

Dadi ngene, Saksuwene taun 2026 iki, enek 60 jabatan Kepala Desa (Kades) ning Kabupaten Ponorogo sing bakal rampung masa jabatane.

Kanggo ngisi kekosongan pemerintahan desa, Pemkab Ponorogo bakal nunjuk Pejabat Kepala Desa (Pj Kades) soko kalangan Pegawai Negeri Sipil (PNS).

Kepala DPMD Ponorogo, Tony Sumarsono, nerangake, soko 60 desa kuwi, 56 Kades bakal rampung masa jabatane tanggal 13 September 2026. Dene 4 desa liyane bakal nyusul rampung masa jabatane ning wulan November.

Dadi sakwise tanggal 13 September, bakal enek puluhan desa ning Ponorogo sing sementara dipimpin Pj Kades soko PNS.

Layoo... Ternyata wis enek wong 3 sing ngurus SKCK nang Polres Ponorogo kanggo keperluan persyaratan pencalonan Wakil Bu...
10/09/2026

Layoo... Ternyata wis enek wong 3 sing ngurus SKCK nang Polres Ponorogo kanggo keperluan persyaratan pencalonan Wakil Bupati Ponorogo, Bolo.

Sing wis ngurus yoiku:

👉 Barno, Kepala Desa Bringinan, Jambon
👉 M. Hasim, advokat asal Bajang, Mlarak
👉 Nyoto Wiyono, mantan Inspektur Inspektorat Kabupaten Ponorogo

Ketigane ngurus SKCK neng wulan Agustus. Sing paling dhisik Nyoto Wiyono, terus Barno, lan terakhir M. Hasim.

Nanging ojo kesusu nggawe kesimpulan.

Ngurus SKCK kuwi durung berarti wis resmi dadi calon Wakil Bupati. SKCK mung salah siji syarat administrasi. Soal sopo sing tenan maju, sopo sing dipilih, lan sopo sing bakal ngancani Plt Bupati Lisdyarita, isih kudu liwat proses politik lan mekanisme resmi.

Layoo... Nyang Siman enek motor sing wes suwi parkir nyang pinggir dalan, wes pirang2 dino ra dijupuk, bolo.Dadi ngene, ...
09/09/2026

Layoo... Nyang Siman enek motor sing wes suwi parkir nyang pinggir dalan, wes pirang2 dino ra dijupuk, bolo.

Dadi ngene, motor Suzuki Smash warna abang iki wis diparkir nang kono wiwit Senin esuk, 7 September 2026.

Motor nomer polisi AE 4185 OV kuwi nganti Rabu, 9 September 2026 durung dingerteni sopo sing nduweni.

Mergo curiga lan kuatir enek opo-opo, warga banjur nglaporne marang polisi. Petugas Polsek Siman langsung teko nang lokasi lan saiki motor kuwi wis diamanke.

Nek enek sing rumongso nduweni utowo ngerti sopo pemilike, monggo langsung koordinasi karo pihak kepolisian.

Layoo... Febiola Ngalami Hilang Ingatan 70%, diduga Sakwise ngalami Keracunan MBG Nyang Sumut, Bolo.Dadi ngene, Febiola ...
08/09/2026

Layoo... Febiola Ngalami Hilang Ingatan 70%, diduga Sakwise ngalami Keracunan MBG Nyang Sumut, Bolo.

Dadi ngene, Febiola Br Purba, korban dugaan keracunan massal program Makan Bergizi Gratis (MBG) neng Kabupaten Karo, Sumatra Utara, kuwi bocah wadon umur 16 tahun sing nduwe prestasi apik.

Dheweke sekolah neng SMK Swasta Bersama Berastagi, Kabupaten Karo. Neng sekolah, Febi kerep dadi juwara siji neng kelase. Ora mung pinter, dheweke yo nduwe jiwa kepemimpinan. Febi dipercaya dadi Wakil Ketua OSIS neng sekolahe.

Febiola kuwi putrine Icuk Sugiarto Purba lan Elvinus Lusiana Sitanggang. Wong tuwane nyambut gawe dadi pekerja lan tukang kebon. Senajan uripe prasojo, wong tuwane mesthi nduwe pangarep-arep gedhe marang masa depane Febi.

Nanging kabeh kuwi berubah sakwise Febi mangan panganan soko program MBG, Kamis, 13 Agustus 2026.

Sakwise mangan, Febi ngalami gejala keracunan sing parah. Sempat kondisine membaik, nanging tanggal 16 Agustus 2026 kondisine malah mudhun drastis. Dheweke ngalami kejang hebat nganti ora eling lan ora sadar.

Sing luwih ngenes, dokter nyatakne Febi ngalami amnesia utowo hilang ingatan nganti 70 persen.

Saiki Febi nganti kesusahan ngenali wajah bapak lan ibune dhewe, adhine, konco-konco sekolah, guru, nganti barang-barang duweke dhewe.

Amargo kondisine serius, Febi wis pindah-pindah perawatan neng limang rumah sakit, yoiku RS Kabanjahe, RS Efarina, RS Haji Medan, RSUP Adam Malik, nganti RS Amanda Karo. Wong tuwone nganti kesusahan golek biaya pengobatan, bolo.

Dokter ugo nyatakne yen Febi butuh terapi intensif rutin paling ora setahun penuh.

Jan mesakne, bocah umur 16 tahun sing pinter, berprestasi, nduwe jiwa kepemimpinam, lan isih nduwe masa depan dowo, nanging saiki kudu berjuang supoyo biso bali koyok biyen.

Sing paling nyesek, dheweke saiki malah kesusahan ngenali wong tuwone dhewe.

Kasus Febiola iki ngundang roso prihatin sekaligus kritik keras soko masyarakat. Ombudsman Sumatra Utara ugo ngawasi kasus iki supoyo pihak sing tanggung jawab bener-bener menehi pertanggungjawaban marang korban lan keluargane.

Program panganan gratis kudune nggawe bocah-bocah luwih sehat lan kuat.

Ora malah nggawe wong tuwa kudu ndelok anaké berjuang ngelingi sopo keluargane dhewe.

Mugo-mugo Febiola enggal mari, elinge mbalik maneh, lan kondisine soyo apik. Mugo-mugo bapak, ibu, lan keluargane Febi yo diparingi kekuwatan.

Lan mugo-mugo kedepane ora enek maneh bocah sing kudu ngalami kedadeyan koyok ngene iki. 🤲

**Sumber info;
https://sumut.idntimes.com/news/sumatra-utara/keluarga-korban-mbg-di-karo-sebut-anaknya-hilang-ingatan-70-persen-00-fj96j-nyht18/amp

Komunitas Ponorogo Book Party didukung oleh Forum Taman Bacaan Masyarakat (FTBM) Kabupaten Ponorogo hadir lagi dan mari ...
08/09/2026

Komunitas Ponorogo Book Party didukung oleh Forum Taman Bacaan Masyarakat (FTBM) Kabupaten Ponorogo hadir lagi dan mari bertemu untuk berbagi di akhir pekan! Setiap pertemuan kita yang meninggalkan tawa, pengalaman, dan pertanyaan baru untuk dicari tahu--sesuatu yang baru akan kita sambut.

Kali ini agenda kita akan lebih insighfull dengan special activity bedah buku Kalajengking Bandaran dari penulisnya langsung Dr. Ardi Wina Saputra. Kita bakal Bedah Buku bareng dan mengupas langsung kisah di balik karyanya.

Belum sempat baca bukunya? Tenang aja! Kamu tetap bisa gabung di Sharing Session buat ngobrol santai dengan teman-teman Ponorogo Book Party seputar dunia kepenulisan, proses kreatif, atau obrolan literasi secara luas.

Sampai Jumpa

Info pemadaman bergilir, bolo
07/09/2026

Info pemadaman bergilir, bolo

Layoo ..Jaman Saiki sing Kuliah nyang UT alias Universitas Terbuka Ora  Mung Kalangane Wong Sing Wis Kerjo, Bolo.Dadi ng...
07/09/2026

Layoo ..Jaman Saiki sing Kuliah nyang UT alias Universitas Terbuka Ora Mung Kalangane Wong Sing Wis Kerjo, Bolo.

Dadi ngene, Mbiyen nek ngomongne Universitas Terbuka, sing kebayang biasane wong sing wis kerja, wis omah-omah, terus pengin kuliah sambil tetap kerja.

Tapi saiki zamane wis bedo.

Iki contone. 👆
Akeh generasi Z sing kuliah reguler neng UT.

Ora kudu nunggu dadi pekerja disik.
Ora kudu nunggu umur tertentu.
Kuliah bisa jalan, aktivitas liyane yo tetep jalan.

Malah justru iki sing menarik.

Kuliah sambil nyiapne masa depan.
Bisa kerja, nyoba bisnis, aktif nyang komunitas, ngembangne skill, nggawe karya, utowo sekadar nggolek pengalaman sakdurunge mlebu dunia kerja tenanan.

Jare wong biyen:

“Kuliah kuwi ya kuliah, kerja yo mengko nek wis lulus.”

Tapi Saiki Gen Z mungkin mikire ngene:

“La nyapo kudu ngenteni lulus nek pengalaman iso dibangun mulai saiki?” 😄

Universitas Terbuka ternyata bukan cuma tentang kuliah sambil kerja.

Tapi juga tentang kuliah sambil menjalani kehidupan.

Kuliah jalan. Pengalaman jalan. Masa depan yo mulai dibangun.

Wes ngpno wae yo, kanggo Bolo2 Ponorogo dan sekitarnya, nek pengen luweh jelas maneh soal perkuliahan UT iso langsung moro nyang Sentra Layanan Universitas Terbuka (SALUT) Uyun Al-Hikam sing mapan nyang Ponpes Uyun Al-Hikam Desa Prajegan Kecamatan Sukorejo, Ponorogo .

Sopo ngerti...
sing biyen mikir “kuliah mengko wae” saiki malah dadi “yo wis, kuliah saiki wae.” 😂

Layoo .. Maling pari saiki wes ra dadak ngenteni gabahe dikarungi, bolo 😅Dadi ngene, jan nylekit tenan polah maling nang...
07/09/2026

Layoo .. Maling pari saiki wes ra dadak ngenteni gabahe dikarungi, bolo 😅

Dadi ngene, jan nylekit tenan polah maling nang Sampung iki. Pari sing durung dipanen malah diderepi siji-siji langsung nang sawah!

Kedadean iki dilaporne kedaden nang sawah warga Desa Ringin Putih lan Carangrejo, Kecamatan Sampung. Pelaku diduga beraksi tengah wengi, sakwise jam 1 bengi, pas suasana wis sepi. Pari dipeluruti nganti bulir-bulire rontok. Pari sing ilang dipluruti kui nek dikumpulme kira-kira entuk sak karung gabah.

Sing nggawe unik, biasane maling kuwi nyolong gabah sing wis dipanen lan dikarungi. Iki malah panen dewe nang sawahe wong! 😂

Warga ora nglaporne kedadean iki nang polisi, nanging videone diunggah nang medsos supoyo petani liyane luwih waspodo, opomaneh saiki wis akeh sawah sing mlebu masa panen.

Address

Ponorogo

Website

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when ICWP posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Shortcuts

Share