sing wis gabung ya makasih sing urung gabung cepet mlebu,sapa bae olih
mlebu KOMUNITAS WONG NGAPAK,lah tujuane pan ngolet kanca sing akeh
apa sing pan ngolet pacar/jodoh ya ora apa apa,apa sing pan dagang,nawarkna barang sapa ngerti ana sing butuh,sing penting bebas tapi sopan kya kwe mbok.BAHASA NGAPAK,
Bahasa ngapak kue bahasa sing sadina-dina denggo wong kanggo komunikasi ning wilayahe, terut
ama ning wilayah Jawa Tengah Bagian Kulon. Batese ora patia jelas, tapi penulis pengin usaha ngidentifikasi wilayah2 sing nganggo bahasa ngapak kiye. Menurut penulis sing maca pirang artikel, wilayah sing nganggo bahasa ngapak kiye antarane:
- daerah Kebumen
- daerah Purwokerto
- daerah Pekalongan
- daerah Pemalang
- daerah Tegal
- daerah Brebes
- daerah Cilacap
Daerah-daerah kiye sing paling akeh nagnggo bahasa ngapak, walopun logat Ngapak-e kadang beda-beda, tapi tetep sa-bendera, ya kue "BAHASA NGAPAK". Hayuh sedulur kabeh, sing rumasa cinta daerah laire dewek, hayuh pada nglestarikena bahasane dewek enyong kabeh eben bisa eksis lan diakui sebage pesugihan budaya asli indonesa (maap ora nganggo indonesia, karena lagi ngenggo bahasa ngapak, he he he...). Pokoke sapa bae rika, mbuh lanang-wadon, tua-nom, urip ning daerahe dewek apa mranto, kalangan pejabat, anggota DPR, tokoh masarakat, ulama, akademisi, pegawe, mahasiswa, pelajar, buruh kasar, buruh alus, pedagang kakilima, pedagang kakisepuluh, tukang becak, kuli bangunan sampe tukang ukur-ukur gili,supir angkot pedesaan hayoh pada nglestarikna lan nanggo bahasa ngapak sadina-dina. Aku dewek angger krungu bahasa ngapak ning daerah prantoan, yakin sung lucu nemen, gemuyu ning ati, cekikikan. Tapi angger dipikir-pikir ternyata bahasa ngapak kiye ndue seni sing duwur nemen. Makane inyong kabeh pengin, bahasa ngapak kudu ditumbuh-kembangna eben hebat, sa hebat-hebate...
Maka sapisan maning sedulur, hayuh... sedina-dina gunakna bahasa ngapak eben rame, eben pada cekikikan... eben pada lemes... ha ha ha...gemuyu sing rosa ya kena tapi aja keblabasan...salam seduluran selawase ,sing wong ngapak brebes.. ORA NGAPAK ORA KEPENAK